Posts

Kidung Wahyu Kolosebo

Kidung Wahyu Kolosebo Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro Senadyan setan gentayangan, tansah gawe rubeda Hinggo pupusing jaman Hameteg ingsun nyirep geni wiso murko Maper hardening ponco, saben ulesing netro Tinambaran sih kawelasan, ingkang paring kamulyan Sang Hyang Jati Pengeran Jiwanggo kalbu, samudro pepuntoning laku Tumuju dateng gusti, Dzat Kang Amurbo Dumadi Manunggaling kawulo gusti, krenteg ati bakal dumadi Mukti ingsun …tanpo piranti Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito Maneko warno prodo, mbangun projo sampurno Sengkolo tido mukso, kolobendu nyoto sirno Tyasing roso mardiko Mugiyo den sedyo pusoko Kalimosodo Yekti dadi mustiko, sajeroning jiwo rogo Bejo mulyo waskito, digdoyo bowo leksono Byar manjing sigro-sigro Ampuh sepuh wutuh, tan keno iso paneluh Gagah bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah Satriyo toto sembodo, Wirotomo katon sewu kartiko Kataman wahyu Kolosebo Memuji ingsun kanthi suwito linuhung Segoro gando arum,